Tembang Macapat dan maknanya
1. Sekar Macapat
Mijil, Laras Slendro Pathet Sanga Miring
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Makna teks :
Anak lanangku, eling-elingen pituturku. Kowe kudu dadi wong kang
budine luhur. Kudu alim lan kudu duwe tata krama. Ora angkuh lan bisa ngetrepke
awak ing kahanan apa wae.
Pesan untuk anak laki-laki. Ingatlah kata-kataku, jadilah orang
yang berbudi luhur. Harus mempunyai tata krama dan sopan santun. Tidak angkuh
dan bisa menempatkan diri dalam keadaan apapun.