Kenya ayu kang menganggo busana adat
Bali iki, mentas wae dinobatake minangka duta Lalulintas ing pemilihan Duta
Pariwisata Kakang Mbakyu Tulungagung 2010. Pancen, sejatine ing Pemilihan Duta
Pariwisata Kakang Mbakyu tulungagung 2010kang nggayuh dadi juara 1 kakang
yakuwi Mohammad Syaiful Anwar siswa kelas 12 MAN 2 Tulungagung lan juara 1
Mbakyu Anita wahyu Puspitasari siswa kelas 12 SMNI kedungwaru Tulungagung.
Sauntara kuwi Ivory dhewe ngregem
juara 1 ing kategori Penampilan Terbaik Wanita. Kejaba kuwi uga kepilih Duta
Lalulintas kang ing pemilihan pemilihan kakang-mbakyu sadurunge durung nate
diadani. Samengko tugase Ivory kampanye “berlalulintas” kanthi aturan kang
bener. Nisa uga ing dina – dina tartamtu kang ana gegayutane karo lalulintas
dheweke bakal didhapuk minangka duta kampanye simpatik nindakake lalulintas lan
langsung terjun ing lapangan menehi penyuluhan.