Tampilkan postingan dengan label wayang. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label wayang. Tampilkan semua postingan

Kamis, 18 Juli 2013

Pandhawa


Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa. Lima paraga iki turunané Prabu Pandhu kang dadi raja ing Astina. Pandhu disepata dening dewa bakal mati yèn saresmi karo garwané. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang banjur diwenehi jeneng Suryatmaja. Pandhawa dadi satru Kurawa ing Bharatayudha. Dene, Suryatmaja melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe. Pandhawa ing budaya Jawa, mlebu wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala. Pandhawa  lima dijlentrehake ing ngisor iki.
      1.      Puntadewa
Inggih punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sawise perang Bharatayuda Puntadewa dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan julukan antawisipun : Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji. Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan pinulung tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih yaiku Dewi Drupadi lan Dewi Kuntulwilaten.