Para
Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima,
Arjuna, Nakula lan Sadewa. Lima paraga iki turunané Prabu Pandhu kang dadi raja
ing Astina. Pandhu disepata dening dewa bakal mati yèn saresmi karo garwané.
Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati,
kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan
Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti.
Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang banjur diwenehi
jeneng Suryatmaja. Pandhawa dadi satru Kurawa ing Bharatayudha. Dene, Suryatmaja
melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe. Pandhawa ing budaya Jawa, mlebu
wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala. Pandhawa
lima dijlentrehake ing ngisor iki.
1. Puntadewa
Inggih
punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sawise perang Bharatayuda Puntadewa
dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan julukan
antawisipun : Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira,
lan Sami Aji. Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung,
tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka
kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan
pinulung tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih yaiku
Dewi Drupadi lan Dewi Kuntulwilaten.