Rabu, 17 Juli 2013

Ivory Gimka, Duta Lalulintas Tulungagung 2010


           Kenya ayu kang menganggo busana adat Bali iki, mentas wae dinobatake minangka duta Lalulintas ing pemilihan Duta Pariwisata Kakang Mbakyu Tulungagung 2010. Pancen, sejatine ing Pemilihan Duta Pariwisata Kakang Mbakyu tulungagung 2010kang nggayuh dadi juara 1 kakang yakuwi Mohammad Syaiful Anwar siswa kelas 12 MAN 2 Tulungagung lan juara 1 Mbakyu Anita wahyu Puspitasari siswa kelas 12 SMNI kedungwaru Tulungagung.
            Sauntara kuwi Ivory dhewe ngregem juara 1 ing kategori Penampilan Terbaik Wanita. Kejaba kuwi uga kepilih Duta Lalulintas kang ing pemilihan pemilihan kakang-mbakyu sadurunge durung nate diadani. Samengko tugase Ivory kampanye “berlalulintas” kanthi aturan kang bener. Nisa uga ing dina – dina tartamtu kang ana gegayutane karo lalulintas dheweke bakal didhapuk minangka duta kampanye simpatik nindakake lalulintas lan langsung terjun ing lapangan menehi penyuluhan.
            
           Kanggo patuladhan menyang kanca – kancane kang isih remaja yang anggone nindakake lalulintas sok edan – edanan ngana kae, wiwit saiki dheweke kudu nyontoni kang bener. Tuladhane, ora nganggo montor protholan kaya cah Sakenak – enake kae. Senajan awan lampune ngarep ya dipadangi. Menehi penyuluhan lalulintas kang becik lan pener marang adhi – adhi kelase lan kanca – kanca rakete.
            Bali ing bab pemilihan kakang-mbakyu Tulungagung. Saka atusan peserta kang dhaftar ing Pemiiihan Duta Wisata Kakang-Mbakyu Tulungagung 2010, wusanan kajupuk 20 peserta (10 pasangan) kang mlebu final. Finalis kang 20 mau wusana dikarantina, ing Wonorejo Resort saperlu diadani piwulang. Piwulangan kasebut ing pamrih menehi sangu kanggo calon – calon duta pariwisata supaya prigel lan wasis ing bab mromosekake papan  wisata Tulungagung. Bab – bab kang diwulangake kejaba theg-kliwere papan wisata Tulungagung, panganan khas, industry lan seni budaya, uga tata cara nampa tamu, solah bawa(public speaking), etika ing bebrayan, tata rakit pasugatan (table maner), sarta pengetauan umum liyane. Cetha, pandadaran kang mengkono mau akeh manpangat lan pigunane tumrape remaja saiki kang wis dha ra ngerti tatakrama maneh. Bab kuwi uga diakoni Ivory migunani banget tumrap dheweke kanggo sangu ing bebrayan samengko.
            Dinane iki Ivory isih meguru kawruh ing SMKN 2 tulungagung kelas 12 jurusan tata busana. Senajan kawit cilik mula Kenya iki wis seneng ing donyane modeling, ananging cita – citane malah kepengin dadi guru bahasa inggris. Lho, lha ngapa ora njeguri fashion lan modeling wae kang wis cetha diguleti wiwit bocah?
            Kanchane Ivory, modeling karepe mung kanggo samben wae. Wondene ing tembe karire ing  model bisa moncer lan ngumbulake jenenge, bab kuwi ora dadi ngapa. Awit gegayuhan nalika isih enom karo kasunyatane mbesuk sok – sok slewah. Kanggo njagani kang mangkono kuwi dening bapake Ivory, ir. Supriyadi, dheweke dikursusake basa inggris lan biola. Embuh, mbesuk ilmu endi sing digawe, sing cetha bapak lan ibune wis nyangoni Ivory ilmu.
Sejatine ing babagan modeling kabisane Ivory iki klaebu otodidak. Bapake kajaba pegawe ing dinas pertanian Jatim uga pengusaha alat – alat pertanian lan ibune, ibu rumah tangga wae, ora ana trah modeling. Sok ngonoa prestasine Ivory ing modeling kalebu onjo. Durung suwe kae Ivory nggayuh juara 1 tingkat Jatim ing fashion show kang diadhani ing rerangken dina lingkunga hidup kang manggon ing Selorejo. Saengga sandhang panganggone Ivory nalika kuwi ya mawa bahan maneka barang bekas. Lha wong temane nalika kuwi pemanfaatan limbah. Mengkono critane kang dedege 169 cm lan bobote 49 kg kuwi.  
Banjur dhek dina setu 30 Oktober 2010 kepungkur kae, manggon ing ngarep kantor DPRD Kabupaten Tulungagung, Ivory juara 1 lomba busana adat. Adicara kuwi kanggo mengeti dina sumpah pemuda. Ivory nalika kuwi menganggo busana dhaerah Bali. Yen nitik saka prestasine ing babagan fashion kang mengkono mau mula ora nggumunake ye Ivory bisa nggayuh juara kategori Penampilan Terbaik ing Kakang-Mbakyu Tulungagung. Salam katur para maos PS sedaya.

                                                                                                                       Panjebar Semangat


Tidak ada komentar:

Posting Komentar