Para
Pandhawa Lima (basa Sansekreta: Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima,
Arjuna, Nakula lan Sadewa. Lima paraga iki turunané Prabu Pandhu kang dadi raja
ing Astina. Pandhu disepata dening dewa bakal mati yèn saresmi karo garwané.
Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim, garwané, mèlu belapati,
kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira iku lair Nakula lan
Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair saka Dewi Kunti.
Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang banjur diwenehi
jeneng Suryatmaja. Pandhawa dadi satru Kurawa ing Bharatayudha. Dene, Suryatmaja
melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe. Pandhawa ing budaya Jawa, mlebu
wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala. Pandhawa
lima dijlentrehake ing ngisor iki.
1. Puntadewa
Inggih
punika Raja ing Amarta utawi Indrapasta. Sawise perang Bharatayuda Puntadewa
dados raja ing Astina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan julukan
antawisipun : Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira,
lan Sami Aji. Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung,
tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka
kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan
pinulung tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih yaiku
Dewi Drupadi lan Dewi Kuntulwilaten.
2. Bratasena
Nalika
dewasa asmanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan Tanggulpamenang.
Nate dados raja Giliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan julukan
antawisipun : Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang
jujur, boten gumedhe, suci, manut tumrap gurunipun (terutama Dewaruci)l, tresna
tumrap ibu saha sederekipun. Nalika perang gadah jargon “Menang, nalika kalah
berarti mati”. Panjenengane pantes dados panutan amargi kagungan sifat kang
jujur lan suci panggalihipun. Kagungan pusaka kanti aran Kuku Pancanaka ing
tangan kanan lan kiri migunani, kukuh sanget saha landhep. Uga kagungan
kekuatan gangsal angin, serta saged ngancuraken gunung. Kagungan kalih
prameswuri yaiku: Arimbi dan Nagagini. Kaliyan Arimbi pikantuk putra yaiku Gatotkaca,
ingkang saged mabur boten ngagem sewiwi. Saking Nagagini angsal putra kanthi
asma Antasena ingkang saged mlebet ing bumi lan kagungan kuwasa ing samodra.
Bratasena nalika lair kabungkus. Lan ingkang saged nyowek bungkusan wau yaiky
Gajah Situ Seno. Nalika samanten Gajah Situ Seno mlebet ing raganupin
Bratasena, saengga kagungan kekuatan luar biasa lan saged nyowek bungkusan wau.
3. Arjuna
Inggih
punika Ksatria Madukara, raja Tinjomaya ugi. Kagungan julukan ingkang kathah
antawisipun : Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi,
Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung
tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian.
Arjuna inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Dewa,
panjalmaning Dewa Wisnu. Kagungan gawra ingkang kathah kamangkan kagungan
julukan “Lelananging jagad”, kagungan paras ingkang gagah lan boten wonten
tandhingane. Prameswarinipun ing Arcapada yaiku Wara Sumbadra dan Wara
Srikandi. Lan prameswari ingkang sanesipun inggih punika Rarasati, Sulastri,
Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp. Ing Jonggrang Saloka panjenengane gadah
prameswari inggih punika Dewi Supraba, Dewi Dersanala inggih punika widodari
ing Tinjomaya. Priyantun ingkang kagungan watak ksatria, luhur budinipun, remen
lung tinulung, sarta demenaning para Dewa.
4. Nakula
Inggih
punika putra kapapat Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim ingkang lair
sesarengan kaliyan Sadewa. Rama lan ibunipun tilar donya nalika penjenengane
tasih alit. Mangka penjenengane dipunrawat dening Dewi Kunti kanthi boten
mbenten-bentenaken. Sawise perang Bharatayuda Nakula lan Sadewa dados raja ing
Mandraka kaliyan Sadewa. Kagungan julukan Raden Pinten. Nakula prigel ing
pertanian. Nalika perang Bharatayuda, panjenengane ingkang saged ngluluhaken
manahipun Prabu Salya. Sebab Prabu Salya tasih sederekipun Dewi Madrim, lan
sejatina panjenengane tansah sarujuk ing kabecikan Pandawa. Mangka Prabu Salya
maringi pirsa tumrap Nakula lan Sadewa dene ingkang saged ngalahaken
panjenengane inggih punika Puntadewa, sebabPuntadewa kagungan getih pethak.
5. sadewa
Putra
kaping gangalipun Prabu Pandu kaliyan Dewi Madrim, dilairaken sesarengan
kaliyan Nakula. Sawise perang Bharatayuda dados raja ing Mandraka sareng kaliya
Nakula. Nalika alit kagungan asma Raden Tangsem. Prigel babagan peternakan.
Kagungan prameswari Endang Sadarmi, putrinipun Begawan Tembangpetra pertapa ing
Parangalas, kagungan putra kanthi asma Sabekti’\.
Kapethik
saka Wikipedia Bahasa Jawa
Did you hear there's a 12 word sentence you can say to your man... that will induce intense emotions of love and impulsive attractiveness for you deep inside his heart?
BalasHapusBecause deep inside these 12 words is a "secret signal" that fuels a man's instinct to love, worship and protect you with all his heart...
12 Words Who Fuel A Man's Desire Impulse
This instinct is so hardwired into a man's brain that it will drive him to try harder than ever before to do his best at looking after your relationship.
Matter-of-fact, triggering this influential instinct is absolutely essential to having the best ever relationship with your man that the instance you send your man a "Secret Signal"...
...You will soon notice him expose his soul and heart for you in such a way he's never experienced before and he'll see you as the only woman in the galaxy who has ever truly interested him.