Senin, 30 Juli 2012

Pengkajian Puisi Jawa Tradisional (Macapat)


 Tembang Macapat dan maknanya

1.    Sekar  Macapat Mijil, Laras Slendro Pathet Sanga Miring
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk

Makna teks :
Anak lanangku, eling-elingen pituturku. Kowe kudu dadi wong kang budine luhur. Kudu alim lan kudu duwe tata krama. Ora angkuh lan bisa ngetrepke awak ing kahanan apa wae.

Pesan untuk anak laki-laki. Ingatlah kata-kataku, jadilah orang yang berbudi luhur. Harus mempunyai tata krama dan sopan santun. Tidak angkuh dan bisa menempatkan diri dalam keadaan apapun.



2.      Sekar Macapat Sinom, Laras Pelog Pathet Barang
Mumpung anom marsudiya
Lelandhesan budi suci
Denya manembah Hyang Suksma
Yekti yawana sakalir
Asih tresna sasami
Pan iku dadya wotipun
Adoh marang kanisthan
Ing janji tan mbalenjani
Tatag tangguh saguh ing samubarang karya

Makna:
Mumpung isih enom, usahaa! Miturut akal kang becik. Manembah marang Gusti. Kabeh kuwi kudu tulus. Menehi katresnan marang sapadha-padha, bakal adoh saka kanisthan. Kanggo sing ora mblenjani janji. Tatag, tangguh, lan saguh marang kabeh pakaryan.

Selagi masih muda, berusahalah! Menurutlah kepada akal yang baik. Menyembah pada Tuhan. Semua itu harus tulus. Memberikan kasih sayang pada sesama, akan membuat jauh dari bahaya. Untuk yang tidak suka bohong. Bertahan, sanggup, dan tangguh dalam semua pekerjaan.

3.      Sekar Macapat Kinanthi, Laras Slendro Pathet Sanga
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Makna:
Wong kang luhur kuwi betah melek lan sithik turu. Eling-elingen tindak tanduk kang sopan. Menawa guneman marang liyan kudu apik supaya disenengi sapadha-padha.

Orang luhur itu suka begadang daripada tidur. Ingatlah tingkahlaku yang sopan. Ketika bercanda kepada orang lain harus hati-hati agar disukai sesama.

4.      Sekar Macapat Dhandhanggula, Laras Slendro Pathet Sanga
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kawruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkur
Tan mikir paweweh ing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruhana

Makna:
Menawa kowe merguru marang wong lanang, pilihen wong kang becik. Kang apik martabate uga ngerteni hukum. Kang ngibadah lan duwe isin. Apa maneh merguru karo wong tapa. Tanpa mikir apa wae kang wis diwenehake kanggo wong liya. Lan ngertenana, wong kang ngono kuwi pantes ditiru.

Ketika engkau berguru kepada laki-laki, pilihlah orang yang benar-benar baik. Yang baik martabatnya dan mengerti tentang aturan/hukum. Yagn beribadah dan punya rasa malu. Apa lagi ketika berguru kepada orang tapa(berilmu). Tanpa pamrih, tanpa berfikir apa saja yang sudash diberkan kepada oranglain. Dan mengertilah, orang yang seperti itu pasntas ditiru.

5.      Sekar Macapat Asmaradana, Laras Slendro Pathet Sanga Miring
Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Makna:
           Wong lanang aja turu wayah sore! Ing wayah sore para dewa ngubengi jagad. Nggawa guci mas, isine donga tulak bala. Sandhang lan pangan uga bageane Wong kang betah melek, sabar, lan narima ing pandum.

            Seorang laki-laki janga tidur sore! Ketika sore para dewa sedang berkeliling jagad. Membawa guci emas yang isinya doa tolak bala. Sandang dan pangan bagian orang yang betah tidak tidur, sabar, dan menerima keadaan.


6.      Sekar Macapat Gambuh, Laras Pelog Pathet Nem
Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra pepeki
Lamun becik wurukipun
Iku pantes sira anggo

Makna:
Pitutur kang becik iku pantes ditiru sanajan saka wong kang nistha. Menawa pituture becik, iku pantes mbok tiru.

Pesan yang baik itu ditiru. Walaupun dari orang yang tidak baik sekalipun. Jika pesannya baik, itu pantas ditiru.

7.      Sekar Macapat Maskumambang, Laras Slendro Pathet Sanga
Wong manut tuture wong tuwa ugi
Panemu duraka
Ing ndonya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang

Makna:
Wong kang ora nurut apa pituture wong tuwa bakal dosa. Donya akerat bakal cilaka.

Orang yang tidak menurut kata orang tua bakal dosa. Di dunia dan di akhirat bakal celaka.

8.      Sekar Macapat Pangkur, Laras Slendro Pathet Sanga
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ing aranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Aja kaya si pengung agung gumunggung
Ugungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip

Makna:
Kaya mangkono kuwi ilmu kang bener. Nyatane mung menehi reseping ati. Kesenengan dianggep bodho. Saka kang becik nganti ala. Aja kaya wong kang bodho lan angkuh. Dina-dina mung diuja wae. Dadi wong urip aja kaya mangkono.

Seperti itulah ilmu yang benar. Kenyataan yang meresap kedalam hati. Kesenangan dianggap bodoh. Dari yang baik sampai yang buruk. Jangan seperti orang yang bodoh dan angkuh. Sehari-hari hanya mengeluh. Jadi orang jangan seperti itu.


9.      Sekar Macapat Megatruh, Laras Pelog Pathet Barang
Mangkanyata wicarane sepet madu
Sesadone adu manis
Memanise yen gumuyu
Ayu rahayuning dhiri
Widagda nganggit lelakon

Makna:
Wicarane nyatane manis. Menawa guneman karo wong liya uga manis. Apa maneh yen ngguyu. Ayu lan keslametan ing awake. Pinter anggone tumindak.

Ketika berbicara semanis madu. Ketika bercanda dengan oranglain juga manis. Apalagi ketika tersenyum. Cantik dan keselamatan dalam tubuhnya. Pintar ketika bertingkahlaku.

10.  Sekar Macapat Pocung, Laras Pelog Pathet Nem
Bocah iku sopan santun iku prelu
Bekti mring wong tuwa
Dhawuhe guru den esthi
Sinau amrih katekan kang den sedya

Makna:
Bocah iku kudu santun. Bekti marang wong tuwa. Nuruti pituture guru. Niat sinau.

Anak itu harus sopan santun. Berbakti kepada orangtua. Menuruti pesan guru. Niat ketika belajar(bersungguh-sungguh).

11.  Sekar Macapat Durma, Laras Pelog Pathet Barang
Babo babo mara age tandhingana
Sun prajurit linuwih
Sekti mandraguna
Prawira ing ngayuda
Kang tandhing haywa lumaris
Tan wurung sira
Sirna ndhepani bumi

Makna:
           Ayo ndang mara rene, lawanen! Prajuritku akeh, sekti mandraguna. Kang kendel ing paprangan. Kang gedhe kekuwatane. Wurunga kowe bakal mati ngrungkepi lemah. 

            Ayo kesini, lawanlah! Prajurit saya banyak, sekti mandraguna. Berani dalam berperang. Yang besar kekuatannya. Kamu bakal mati jatuh ke tanah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar